Kabudayan :
Busana Tradhisi Jawa ( Surjan )
A.Purwaka :
Miturut lenggahipun ing gumelaring jagad-raya menika, saben Bangsa nggadhahi kabudayan bab Pengageman utawi Busana. Manawi dipun penggalih busana mujudaken gegambaran : kapribaden, jati-dhiri, kabudayan sarta “peradaban” tumrapipun Bangsa lan Negari. Busana menika dipun wontenaken ( ciniptakaken ) kangge pirantos lan sarana kangge nyekapi mawarni-warni kabetahan, kadosta :
- Kangge njagi kasarasan lan kawilujengan supados kalis saking dhatengipun sesakit, memala, lan bebaya ingkang asalipun saking kawontenaning alam ing Donya menika.
- Kangge njagi kalanggengan sarta kaselarasaning gesang bebrayan ing Masyarakat.
- Tangge tandha beda-bedaning kalenggahan lan pakaryan, sarta kangge tandha Uba-rampening Upacara.
- Kangge mbedakaken tataran andhap – inggiling kapribaden saha lebet – cetheking raos kabudayaning manungsa, Bangsa lan Negari ing sa-indenging jagad menika.
Alandhesan cathetan Sejarah busana Kejawen gagrag Ngayogyakarta mliginipun Busana / Rasukan Taqwa utawi Surjan menika warisan khasanah Tata-Busana Mataram wiwit Jaaman Panembahan Senopati ing Mataram Kota Gedhe.
Busana Taqwa kagem ing Upacara Sungkeman
( Gambar 1.)
B.UBA-RAMPE BUSANA TAQWA ( SURJAN )
1. Dhesthar utawi Udheng Blangkon mawi mondholan
2. Rasukan Taqwa / Surjan
3. Sabuk utawi Lonthong sarta Stagen rangkepan
4. Kamus sarta Timang lan Lerep
5. Nyamping / sinjang bathik “Sogan” utawi bebet (kawiru kiwa – tengen)
6. Cenela utawi Selop
7. Dhuwung / Wangkingan / Keris. Dhapur “branggah / ladrangan” lan
“gayaman” cengkok Mataraman Ngayogyakarta.
Tambahan :
1.Kacu abrit
2.Peniti / Bross
3.Anggar/ manggaran kangge nggantung dhuwung
4.Nampan / Baki ( kangge wadhah ageman ).
Uba-rampe busana Taqwa / Surjan
( Bambar : 2)
C. CARA NGAGEM BUSANA TAQWA :
Baki utawi Nampan kangge wadhah nyamektakaken busana ingkang badhe dipun agem,
Inggih menika :
- Dhesthar utawi Blangkon kapapanaken wonten ing “klebut”
- Rasukan Surjan /Taqwa dipun setrika rumiyin
- Sabuk / lonthong dipun gulung rapi
- Kamus sarta Timang lan Lerep dipun pasanng lajeng kagulung dados satunggal
- Nyamping utawi Sinjang / Bebet dipun wiru rumiyin.Ingkang wonten asta Tengen
Angsal ngajeng, dene asta kiwa ngasta wiron “nglebet” winastanan “Wiron Pengasih”
6. Cenela utawi Selop ing perangan ngajeng katutup, driji suku boten ketingal.
7. Dhuwung/Keris/ Wangkingan patrap ngagemipun wonten ing tengah-tengahing
Lonthong utawi sabuk ing sawingkingipun badan “miring manengen” kawastanan
“klabang pinipit” Yen jejeg kasebat “Satriya Wirang” dipun awisi./ boten kenging.
Wewahan / Tambahan :
Pangangge utawi uba-rampe kangge njangkepi Busana Taqwa menika sifatipun mnanasuka, liripun dipun angge inggih sae, boten dipun angge inggih boten dipun lepataken. Inggih menika :
- Kacu Abrit :
Inggi menika sapu-tangan warni Abrit ingkang dipun lempit-lempit kadosaken satunggal kalihan Wiron perangan ngajeng (njawi).
2 Peniti Bross:
Dipun pasang ing dhadha sisih kiwa supados ketingal resep, saged awujud PIN utawi tandha cihna sanesipun. Ing Kraton Ngayogyakarta tandha cihna arupi “HB” ringkesaning tembung “Hamengku Buwana”.
3. Anggar utawi Manggaran :
Pirantos kangge mbekta dhuwung yen kaleres boten dipun agem. Cara ngagemipum
kagantung ing kamus-timang iring kiwa.
- Nampan / Baki :
Pirantos kangge nyamektakaken busana ingkanfg badhe dipun GEM.
D.PIGUNANIPUN RASUKAN TAQWA :
Busana utawi Rasukan Taqwa kalebet ageman resmi ingkang saged dipunginakaken ing sak-wernining kabetahan.
- Ing tengahing bebrayan Masyarakat :
Tumrap Pribadi :
Kangge ngrawuhi pawiwahan Penganten, minangka Pamedhar – Sabda, utawi
Yen pinuju kapatah dados Pranatacara ( M C ) ing Pawiwahan dhaupipun Penganten, Sungkeman ngabekten lsp.
Tumrap Kelompok :
· Kangge seragamipun Among Tamu
· Kangge seragamipun Pramuladi ( Sinoman )
· Kangge seragamipun Pngrawit / Wiyaga
· Kangge agemipun Warga Nitiniya ( Panitia )
- Ing salebeting Kraton :
Dipun agem “Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana X nalika nampi
Sowanipun Rayi-rayi Dalem sami Sungkeman. / Ngabekten.
Dipun agem dening para Sentana Dalem / Rayi - rayi Dalem ing salebeting
Adicara Sungkeman. Ing salebeting Kraton.
E : U D A N I :
Ewah – gingsiring kawontenan ing pucuking lengen kiwa-tengen dipun paringi
Benik ( kancing baju ) 5 cacahipun winastan “belah banten” nggadhahi makna Tiyang Jawi kedah waspada awit mlebeting panggodha menika lumantar “panca driya” inggih menika :
1. Pandulu ( paningal ) bobotipun 51 %
2. Pamireng ( talingan ) bobotipun 24 %
3. Pangganda ( grana / irung ) bobotipun 13,5 %
4. Pangrasa ( kulit ) bobotipun 6 %
5. Pangecap ( ilat ) bobotipun 5,5 %
F. WERDINE RASUKAN TAQWA :
1. Potongan nutup dhadha kiwa-tengen : Tiyang Jawi boten remen ngetingalaken
dhadhanipun ( boten purun umuk ) watak adigang, adigung, adiguna.
2. Lengen tangan tanpa kancing, maknanipun : Tetiyang yen niyat tetulung dhateng
tiyang sanes kedah ingkang iklas.
3. Tangkepan Rasukan saking kiwa – manengen maknanipun : Tiyang gesang kedah
Tumindak ingkang “ngiwa” utawi sisip.
Kagem Warga Nitinia / Panitia
( Gambar : 3 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar